Senin, 17 Oktober 2011

WEJANGAN URIP

LABETING KARTIYASA
Labeting kartiyasa punika
Awit saking pambudayaning gita dursila
Rinuwat kanthi mrihatini adrenging karsa
Ngubara lan ngumbara miyat dumununging kamitran.
Amangsuli prahara bebendu ageng
Tan ginayuh hastaning mamilat brata
Wosing rasa kang ginubel graito
Graitaning karsa, dumununging cipta.
Tan ana angkara
Tan ana rubeda
Tan ana dursila
Tan ana tandang duraka.
Jejer anyar
Gagrak anyar
Titah anyar
Jagad anyar
Sarwa gumebyar
Tan ana kang samar
Tansah suminar
Magilar-magilar
Anggelar tulusing nalar.
Budi pinilih, luhur angarih-arih
Masa wurunga karsaning Jati
Hangesti drajading titah
Hawya miruda kang kinarsa ing Allah
Kabeh saka telenging jangkah
Kabeh awit gumelaring pratingkah
Kabeh ngemu tulusing ibadah.
Ngaminana marang donga kang pinuji
Kunjuk Ing Ngarsaning Maha Ji
Humangkara
Humangrasa
Hamungwat trikarsa
Hamungwing baskara
Hamungwing jumantara.
Ngadep Rabbul Ngalamin
Welasing Gusti
Ingkang Maha Sih.
Muliha, muliha, muliha
Muliha mring pancardriya
Balia mring panaraga.
Mawanti-wanti, angati-ati
Aja kongsi keri nunggang jung baitagung,
Kang dinayung malaikat hambaruyung
Dipandhegani dening para nabi
Sinangga mring para wali.
Kinebakan jamna utami
Mulyaning manusa jati
Kang pinilih dening Gusti
Kapilah saking ngalamipun
Awit driyanira mung nyawiji,
Kabeh kagungane Allah.
Mula aja noleh
Mula kudu mantheng
Katuta baitagung
Nyuwuna palilahe Hyang Agung
Awit kuwi Kagunganipun.
Aja ninggal trapsila
Aja nggugu kersaning pribadi
Aja dumeh wus katam kitabe
Najan wus apal dongane
Najan wus guntur sujude
Ning durung kaparingan ridhaning Allah.
Mula dudu rapale, ning atine
Mula dudu wujude, ning lire
Mula dudu jlegere, ning makripate.
Poma, sindukara karaning ronsih
Sawunging swara sawang suwung
Gebyaring gebyur gambyong grambyangan
Rinakit, rinasa, rapita, retyakaning radya.
Jung, jung baitagung
Wus tinata ambaruyung
Lir grimis handaridis
Re-rep pantiarsaning resep
Pindha tilasing atilas tulus.
Tlusurana sing tlaten
Anggita gitaning suksma
Andungkap sunaring padhang
Njingglang ngawang-awang.
Hamung sawiji kang kinanthi
Wahyuning Hyang Widhi,
Kang pinuji-puji.
Wus pupus barang kalire.
WAHDATULWUJUD
Wujuding wijil wahyuning wangsit
Wiyoto woting waskitha kang winasis
Jajaning janma jatining jasad
Jumujuging jaladara jantra jinajah.
” Wujud keluarnya ilham
” melalui orang yang mengerti yang terpelajar
” dada manusia sejatinya jasad
” menuju ke alam jajahan
Amrih amining amaranti
Amina mastani mantra mastadi
Samudananing samudra samun
Sesongaran sasat susantiningrum.
” supaya perkataanya merata
” boleh dikatakan mantra mastadi
” berkedok berlindung di samudra ( mungkin mengatasnamakan kekuatan mayoritas)
” sombong/ugal ugalan menjadi pedomannya
Mungguh asmaning mung kanggo mupus
Dipeh prana nalika daruna dumateng
Tebining dhandhaka anyatrani
Lubering ludira anebaki daruni.
” namanya hanya untuk meredam
” cuma pas bisa melihat waktu kesedihan datang
” luasnya “dhandhaka” menyertai
” lubernya darah memenuhi hati/kesedihan
Najan hamung kinanthi sih utami
Awit diniyati tan kenging rinuyit,
Anggraitaa murih wekasanipun jrih
Muncrat handalidir mring bantala.
” walau hanya dengan kasih sayang
” sudah diniyati sebagai pegangan
” merasalah supaya akhirnya takut
” menyembur membasahi/mengaliri bumi(sujud syukur)
Tiba grahaning Hyang Suksma
Memitri awit saking nggenira
Njangkah tan angoncati
Tibaning Rohul Kudus amrih miranti.
” tiba ke tempat Hyang Suksma
” melihat karena keteguhanmu
” yang berjalan tanpa meninggalkanNya
” keluarnya “rohul kudus” supaya dapat berguna
Jinantra ontran-ontran kang amurwat
Murwating angkara murka
Nabrak, nunjang, ngobok-obok
Nggelar kadurjanan
Ngobrak-abrik tatanan
Salang-tunjang
Gede-cilik tanpa wirang.
” pada jaman kerusuhan yang tak lazim
” lazimnya angkara murka
” sengaja menabrak, menggeser, mengobok obok(tatanan)
” mengadakan hal hal yang bertentangan dengan adat (maling,jambret dsb)
” mngorak abrik tatanan yang berlaku (hukum adat)
” berebutan
” tua muda tak punya malu
Ana jalma mimba Gusti
Ngaku Allah sinarawedi
Ngendi ana titah padha karo Gusti
Kadunungan iblis pinasthi.
” ada manusia mengaku aku Tuhan
” dan mengaku sodara Allah
” mana ada manusia(ciptaan) mengaku sama dengan Tuhan
” dapat dipastikan itu iblis/setan
Manunggal kuwi ‘ra teges sami
Hamung celak raket ring Gusti
Hamung Allah kang pinuji-puji
Ya mung jalma najan wali.
” bersatu bukan berarti sama
” hanya dekat dengan Tuhan
” hanya Tuhan Allah yang patut disembah
” semua hanya manusia walau wali sekalipun
Nyuwun ngapura mring Hyang Widhi
Wani nranyak mring Malikul’alam
Wus madhani Sing Gawe Urip
Dudu kuwi wahdatulwujud.
” minta ampunan kepada Tuhan
” karena berani kepada sang Pencipta Alam
” sudah menyamakan diri dengan Tuhan
” bukan itu arti wahdatulwujud
Sing bener kuwi ya mung aran titah
Ora samar angambrah-ambrah
Aja nerak hukume lumrah
Kawistra ora narimah.
” yang benar itu cuma dapat disebut hamba
” yang tidak kuatir yang berlebihan
” jangan melanggar hukum alam
” nanti akan terlihat tidak bersyukur
Duh Gusti Kang Maha Lestari
Mugi kersa paring lubering pangastuti
Kang samya memesu ring karsaning Gusti
Najan sasarsusur yekti.
” ya Tuhan yang Maha Langgeng/tak pernah mati
” smoga sudi memberi limpahan Rahmat
” kepada orang yang mendekatkan diri melaksanakan kehendakMu
” walau masih banyak salah dalam menjalaninya
WAHDATULWUJUD
Wujuding wijil wahyuning wangsit
Wiyoto woting waskitha kang winasis
Jajaning janma jatining jasad
Jumujuging jaladara jantra jinajah.
Amrih amining amaranti
Amina mastani mantra mastadi
Samudananing samudra samun
Sesongaran sasat susantiningrum.
Mungguh asmaning mung kanggo mupus
Dipeh prana nalika daruna dumateng
Tebining dhandhaka anyatrani
Lubering ludira anebaki daruni.
Najan hamung kinanthi sih utami
Awit diniyati tan kenging rinuyit,
Anggraitaa murih wekasanipun jrih
Muncrat handalidir mring bantala.
Tiba grahaning Hyang Suksma
Memitri awit saking nggenira
Njangkah tan angoncati
Tibaning Rohul Kudus amrih miranti.
Jinantra ontran-ontran kang amurwat
Murwating angkara murka
Nabrak, nunjang, ngobok-obok
Nggelar kadurjanan
Ngobrak-abrik tatanan
Salang-tunjang
Gede-cilik tanpa wirang.
Ana jalma mimba Gusti
Ngaku Allah sinarawedi
Ngendi ana titah padha karo Gusti
Kadunungan iblis pinasthi.
Manunggal kuwi ‘ra teges sami
Hamung celak raket ring Gusti
Hamung Allah kang pinuji-puji
Ya mung jalma najan wali.
Nyuwun ngapura mring Hyang Widhi
Wani nranyak mring Malikul’alam
Wus madhani Sing Gawe Urip
Dudu kuwi wahdatulwujud.
Sing bener kuwi ya mung aran titah
Ora samar angambrah-ambrah
Aja nerak hukume lumrah
Kawistra ora narimah.
Duh Gusti Kang Maha Lestari
Mugi kersa paring lubering pangastuti
Kang samya memesu ring karsaning Gusti
Najan sasarsusur yekti.

WEWARAHING R.Ng. SOEKINOHARTONO

TENTANG R.Ng. SOEKINOHARTONO
Raden Ngabehi Soekinohartono adalah salah satu Pembimbing dan Pendamping Sufi Jawa. Beliau dilahirkan di desa Munggi, Kapanewon Semawu, Kabupaten Gunung Kidul, Yogyakarta pada tanggal 26 malem 27 Desember 1897 dari keluarga Raden Wirowedono. Pak Kino meninggal dunia pada tanggal 25 Maret 1971 di Wirobrajan VII/158 dan dimakamkan di Pemakaman Kuncen Yogyakarta.
Pencerahan Raden Ngabehi Soekinohartono mulai diterima dari Allah SWT pada tanggal 08 September 1935 pukul 03.00 WIB, setelah beliau ikut serta secara sendirian berserah diri total hanya kepada Allah SWT, memohonkan Kemerdekaan bagi Bangsa Indonesia yang pada waktu itu sedang berada di bawah penjajahan Bangsa Belanda, dengan tugas menyebarkan dan membimbing Iman Tauhid atau Iman Bulat 100% hanya kepada Allah SWT saja.
Pada tanggal 04 Juli 1937 Raden Ngabehi Soekinohartono menerima Pencerahan untuk mulai melaksanakan tugas menyebarkan dan membimbing Iman Tauhid atau Iman Bulat 100% hanya kepada Allah SWT saja. Mulai itulah Pak Kino melaksanakan tugasnya membimbing Sufi-Sufi Jawa Pak Suhardo, Pak Hardjoguno, Pak Sastrosudjono, Pak M. Nirman Rogoatmodjo, Pak Prawiroatmodjo, Pak Dwidjowijoto, dan seterusnya.
Pada tanggal 01 Juli 1949 Raden Ngabehi Soekinohartono menerima Pencerahan untuk memberikan bimbingan-bimbingan, pedoman-pedoman Iman Tauhid atau Iman Bulat 100% hanya kepada Allah SWT berwujud Wewarah-Wewarah kepada para Sufi Jawa yang terpanggil untuk ikut menapaki Jalan Spiritualnya.
WEWARAH 01
Tindak-tanduk kita miturut Hukum Illahi, ingkang garis pokokipun kados ing ngandhap punika:
01.
Raga, tumindakipun raga kedah mengku kasusilan, tata lan tertib, jujur, ugi mboten tumindak maksiyatan. Pangudi punika dipun wastani “NGUDI SUCINING RAGA”
02.
Swara, swara tegesipun pangandika. Sadaya pangandika kedah mujudaken pangandikan ingkang nyata, manis, saha migunani utawi maedahi, ingkang nuju dhumateng karahayon. Pangudi punika dipun wastani “NGUDI SUCINING RAGA”
03.
Rasa, salebetipun raos kedah mboten wonten raos mbedak-bedakaken, upaminipun rumaos langkung lebda ing ngelmi tinimbang sadherek sanesipun, rumaos langkung pinter, lan sapanunggilanipun. Ingkang wonten namung Raos Kumawula ing Gusti, tegesipun namung ngrumaosi manawi sami-sami dados kawulaning Allah. Pangudi punika dipun wastani “NGUDI SUCINING RASA”
KINANTHI
01.
Sucining raga punika, wujude tata lan tertib, tindak tanduk solah bawa, susila lan tata krami, manut kukuming bebrayan, kang tumuju mring basuki.
02.
Sucining swara puniku, ana waton tri prakawis, sepisan nywara kang nyata, kapindho nyuwara manis, dene kaping tiganira, nyuwara kang migunani.
03.
Yen suwaramu tan lugu, dhemen peprengesan sami, utawa isi fitnahan, iku bakal mbebayani, tumrap dhirimu priyangga, ana akibatireki.
04.
Sucining rasa puniku, perlu banget den parsudi, jer raos iku sanyata, dadi tumpakanireki, tumpakaning jiwanira, kang arsa bali mring suci.
05.
Yen rasanira wus mujud, kumpul lan ngen-angeneki, mahanani jiwanira, kang bakal amujud suci.
06.
Marmane kudu padha wruh, lan kudu padha satiti, aja dhemen migunakna, tumraping rasanireki, kanggo ngrasani mring liyan, nyenyatur alanireki.
KUTIPAN SESANGGEMAN
01.
Sanggem tansah enget dhateng Allah, sumingkir saking raos pandaku, kumingsun, pitados dhateng kasunyatan saha sujud sumarah ing Allah.
02.
Marsudi sarasing sarira, tentreming panggalih saha sucining Rohipun, mekaten ugi ngutamekaken watakipun, dalah muna-muni tuwin tindak-tandukipun.
03
Ngraketaken pasedherekan adhedhasar rasa sih.
04.
Sanggem tumindak saha makarti, anjembaraken wajibing ngagesang, sarta anggatosaken preluning bebrayan umum, netepi wajibing Warga Negara, tumuju dhateng kamulyan saha kaluhuran, ingkang mahanani tata tentreming jagad raya.
05.
Sanggem tumindak leres, ngestokaken Angger-Angger Nagari tuwin ngaosi ing sasami, mboten nacat kawruhing liyan, malah tumindak kanthi sih, murih sadaya golongan, para ahli kebatosan tuwin sadaya Agami saged nunggil gegayuhan.
06.
Sumingkir saking pandamel awon, maksiyat, jahil, drengki, lan sasaminipun. Sadaya tindak tuwin pangandika sarwa prasaja sarta nyata, kanthi sabar saha titi, mboten kesesa, mboten sumengka.
07.
Taberi ngudi jembaring seserepan lahir batos.
08.
Boten fanatik, namung pitados dhateng kasunyatan, ingkang tundhonipun murakabi dhateng bebrayan umum.
WEWARAH 02
WUJUDING SUCI IKU, ANGAKONI KAWENGKU GUSTI, MASRAHKE JIWA RAGA, NENG JRONING KOLBU, IKU SUCI ARANIRA,
Atinya :
Perwujudan suci adalah mengakui berada di dalam Kuasa Allah SWT yang meliputi dan melingkupi kita, menyerahkan seluruh jiwa-raga di dalam Kolbu, itulah suci namanya.
WEWARAH 03
Marmanira para umat sami, tataraning ngudi ngilmu ika, angel kelakone, yeku yen durung weruh, dene gampang kalamun wus ngerti tembung kasampar kasandhung, blegering kang ngilmu, wujude wus gumelarnanging arang wong kang bisa mangerti, yen tan kawahyon ing Allah. Kang kadyeku kudu ngerti, lugunira urip neng ndonya, iku mono perlune, nyampurnakne ngilminipun, kanggo mulih mring tetep suci, ing asal-usulira, sangkan paranipun, iku padha den ungseda, iku ingkang durung ngerti, mung padha tetep Iman. Dadi urip neng ndonya iki, ora kena nguja ing kamurkan, nguja hawa napsune, kang perlu kudu weruh, wajibira manembah kuwi, sepisan nedya marna, suci jiwanipun, kapindho nurunke umat kanggo mujud tetepe ngilmu jati, ngarsaning umum ika. Kaping tiga ngupa boga sami, kanggo sarat urip aneng ndonya, mungguh kukuming Khaqe, kanggo sangu sujud, umumira netepi wajib, dadi kepala somah, kudu bisa mujud, gawe tentreming brayat, aja kongsi padha nandhang nistip, nggayuha mring utama. Denta ngudi ngupa boga sami, kudu amung metu dalan kalal, supaya slamet kabehe, iku babaring ngilmu, aja kongsi sira ngawaki, kesed sungkan makarya iku apan kliru, ingkang tetep kudu nggauta, iku ingkang kinarsan ing Gusti, kanggo ngudi karaharjan. Kaping papat kang tetep suci, marang kekadang dhasarnya, sih tresna ing batine, wit mungguh nyatanipun, padha nunggal asal-usulneki, ing lahir miwah batinnya, tetep nunggal iku, mung iku kahananira, aja kongsi dhemen sulayeng kardi, tetepe mung ngawula. Tandukira mring umum sami, batinira akekadang, lahire padha anane, yuwana ananipun, lamun sira tetep nglakoni, yen nunggal purwanira, dene nyatanipun, sapisan saka dhidhikan, kaping pindho saka tuntunan kang nisih, temahan nora padha.
Artinya :
Menjalani Ilmu Suci itu sulit apabila belum mengetahui, tetapi mudah apabila sudah mengetahui makna kata-kata “kesampar kesandung”, yaitu perwujudan Ilmu tersebut sebenarnya sudah terpampang di depan kita, hanya saja jarang orang yang dapat mengerti, apabila tidak mendapatkan Pencerahan dari Allah SWT. Yang demikian itu haruslah dapat mengerti bahwa hidup di dunia ini sebenarnya tujuannya hanyalah untuk semakin menyempurnakan Ilmu Suci kita, supaya dapat kembali selalu tetap suci, kembali ke asal=usul kita, kembali ke sangkan-paran kita, itu haruslah engkau usahakan. Yang belum mengerti, cukuplah hanya tetap beriman yang teguh sentosa. Jadi hidup di dunia ini jangan sampai memanjakan keserakahan, memanjakan hawanafsu, yang sangat penting hanyalah haruslah tahu, kuwajiban kita bersembah sujud kepada Allah SWT. Pertama haruslah berusaha supaya jiwanya selalu suci. Kedua menurunkan keturunan supaya dapat tetap mewujudkan Ilmu yang Sejati ke masyarakat luas. Ketiga mencari makan untuk sarat hidup di dunia. Hal Hukum Khaqnya untuk bekal sujud. Pada umumnya menetapi kuwajiban sebagai kepala keluarga haruslah dapat mewujudkan ketentraman keluarganya, jangan sampai hidup nista, berusahalah mencapai keutamaan, cara kita mencari makan haruslah melalui jalan yang halal supaya selamat semuanya. Itulah Ilmu Suci. Jangan sampai kita malas bekerja. Itu keliru sekali. Kita tetap harus bekerja. Itulah yang dikehendaki oleh Allah SWT untuk mencapai kesejahteraan. Keempat yang tetap suci. Kepada sesma haruslah penuh dengan Kasih Sayang, karena kenyataannya semua berasal dari satu asal-usul, lahir dan batin haruslah tetap satu, jangan sampai bertengkar, hanya tetap mengabdi kepada Allah SWT. Apabila tidak sama, pertama berasal dari pendidikan, kedua berasal dari bimbingan yang menyimpang dari Kehendak Allah SWT.
WEWARAH 04
Hamrih suci kabeh laku kang titi, nadyan tindak-tanduk lan pangucap, kudu kokpikir becike, murih tetep rahayu, aja kongsi nyedha mring sesami, rasakna ingkang nyata, babaring ngilmu, ing lahir-batinira, supaya tetep yen Allah iku yekti, amberkahi marang sira.
WEWARAH 05
Godha ing sajroning Laku yen tuntunane kliru, kagawa ing Ati Batal, bisa mbabar tutur, tuture angandhar-andhar, iku kaya wujud yekti, nanging bakal kesasar.
Niti-niti lakuning wong urip, kaya-kaya nyata-nyataa, nanging bingung atine dhewe, awit durung weruh, dunungira ing ngendi-endi, kang kacetha ing Kitab-Kitab, utawa buku-buku, wawasan ngandhar-andhar, dianggepa yen pancen wong wasis, tur dadi Dwijawara.
Iku nora ngerti Dat kang Suci, ingkang nuju ing murnining jiwa.
WEWARAH 06
Mung kudu ngerti sira, gawate wong ngudi ngilmi, yen kongsi kathukulan, ati pandhaku yekti, rumangsa yen luwih suci, tinimbang lan kancanipun, iku begalan.
WEWARAH 07
Luhuring bangsa indonesia, marga padha anandhang iman, mujud bebrayan kang raharja, tata tentrem wujudira.
WEWARAH 08
Iku poma padha elinga samya, lelakonmu madhep marang allah ika, lamun ora awas denira iman, bakal kagondhol ing ati setan, rumangsa wis dadi panuntun suci, mujud ing khaq.
WEWARAH 09
Kalampahanipun saged ngawula, inggih namung saking sujud.
WEWARAH 10
Iku pepalang yekti ora sujud kang tumata sok kala-kala memikir, lan sok ngambra-ambra.
WEWARAH 11
Sabenere Khaqing Iman, lakune kudu tata tetep ngabekti, iku marganing rahayu, larasna lan tekadira, nedya ngidhep ngarseng Hyang Mahagung, lerem tentrem lenggahira, aja sok sinambi memikir.
Iku Kukuming Ngilmu Khaq, majibi teteping Ngilmu Suci, rasakna ingkang tuhu, lan kulinakna padha, saben dina yen durung mujud, alon-alon dennya sujud, supaya lerem lan wening.
Iku latihane wong Iman, murih tetep atul eneng-ening, janjine tetep lugu, ngidhep ngarsaning Allah, Allah wis ngawuningani sadarum, apa ing karepira, kang mesthi den berkahi.
Mengkono wajibira, lakonana kelawan titi, yen wis tetep wujud Suhul, ing kono binerkahan, bisa ngerti wajibul wujud, babaring uripira, neng ndonya tuwin neng ngakir.
Semono murahing Allah, tuwin asih mring umat sami, kang tetep Iman tuhu, lakune ora suminggah, abot-entheng wania manggul, nora ngucira ing tekad, yeku Wong Iman jati.
Nyata lakoning Khaqira, lakoning neng ndonya tuwin neng ngakir, bisa gawang-gawang weruh, garis-garise kang nyata, saka murah asihe Hyang Mahagung, mring umat kang padha Iman, marma kudu ingkang yekti.
WEWARAH 12
Sarehne sira wus weruh, bab-bab kang ngalang-alangi, padha tentrem atinira, mung sumarah maring gusti.
Artinya :
Karena engkau sudah mengetahui, semua hal yang menghalang-halangi, tenanglah hatimu, hanya berserah diri total hanya kepada Allah SWT saja.
WEWARAH 13
Sarehne sira wus weruh, bab-bab kang ngalang-alangi, padha tentrem atinira, mung sumarah maring gusti, aja dhemen pasulayan, kang mung marga saka pikir.
WEWARAH 14
Allah itu yang tetap Mahakuasa.
Allah tidak memperkenankan umat-Nya yang beriman dirusak oleh orang lain. Allah pasti melindungi umat-Nya yang beriman.
Dari sebab itu, Imanmu kepada Allah SWT yang tetap teguh, jangan sampai mendua.
Hanya Allahlah yang harus engkau abdi. Itulah yang akan menyelamatkan hidupmu, tidak akan sampai dapat dirusak oleh Iblis.
Jangan lupa berlindunglah kepada Allah SWT.
Allah iku kang tetep Mahakuwasa, tan marengna maring umat, kang Iman rinusak ing liyan, iku bakal ingayoman.
Marmanira, Imanmu maring Allah kng tetep, aja kongsi mangro tingal, amung Allah Pangeranta, iku ingkang njaga slameting raganta, nora bakal kena den rusak ing laknat, aja lali angayoma.

WEWARAH 15
Supaya dapat suci, harus mengurangi berkembangnya hawanafsu, terwujud di dalam sujud yang dinamakan Sumarah, melatih jiwa dan raga, supaya dapat tenang dan tenteram, mewujudkan berserah diri total kepada Allah SWT atau sumarah.
Supaya dapat mencapai mewujud sumarah itu tidaklah mudah.
Daya perbawanya Hati Setan atau Hati Batal itu lebih dahsyat.
Sipat Hati Setan atau Hati Batal itu selalu tenggelam di dalam keindahan alam dunia, menggebu-gebu, tidak pernah merasa puas, selalu mempengaruhi sedikit demi sedikit supaya dapat tercapai keinginannya yang tertuju pada kemuliaan hidup di dunia.
Bisane suci, nyenyuda tumangkare hawanafsu, maujud ana sujud diarani Sumarah, mamardi jiwa lan raga, bisane lerem lan tentrem, maujud sumarah.
Wong kang bisa mujud sumarah iku ora gampang.
Daya prabawaning Ati Batal luwih hebat.
Mangka mungguh kang dadi wewatakaning Ati Batal iku marga kerem marang kaendahaning alam, lan ngangsa-angsa, ora ngrasa marem, mesthi anggremet ngudi bisa katekan ing sedyane kang nuju marang kamulyan ing ngalam donya.
WEWARAH 16
Lakone wong urip ika, mulane kudu dingati-ati, aja ngumbar hawanafsu iku begalaning lampah, ingkang tetep mujud laku kang jujur, arahe mung Imanira, supaya bisa suci.
Artinya :
Perjalanan orang hidup haruslah berhati-hati, jangan sampai memanjakan hawanafsu itu pengganggu perjalanan, yang tetap menjalani laku yang jujur, hanya berpusat pada Iman, supaya bisa suci.
WEWARAH 17
Sujud ingkang leres namung wonten ing Sanubari.
Artinya :
Sujud yang benar hanya di dalam Sanubari.
WEWARAH 18
Iku wujudira, Kukuming Ilmu Suci ora entheng sangganira gawate kepati-pati yen sira kongsi pamrih, anguja napsumu, papane pan wis ana, yen sira nedya suci, dunungira uga wis ana.
Artinya :
Wujud dari Hukum Ilmu Suci tidaklah mudah ringan untuk menjalaninya sangat gawat sekali apabila engkau sampai mempunyai pamrih, memanjakan nafsumu, tempatnya sudah ada, apabila engkau bertekad menjadi suci, tempatmu juga sudah ada.
WEWARAH 19
Lara penak tumraping pangudi aja padha angresula,pasrahna ing Allah, rahayu tekadmu, mardi Iman ingkang suci, lenggah ing Khaqira, neng Sanubarimu, iku teteping wong Iman, ingkang lugu rumangsa anggusti ing Allah kang Mahaesa.
Artinya :
Sengsara senang bagi orang yang sedang menjalani Ilmu Suci janganlah menggerutu, teguhlah tekadmu, menjalani Iman yang Suci, sujudlah di dalam bimbingan Khaq di dalam Sanubarimu, itulah sesungguhnya orang yang beriman, yang murni mengabdikepada Allah yang Mahaesa.
WEWARAH 20
Tetep tata lenggah kang tumata, aywa kongsi goroh, lan iku ingkang mujud dedalane mring kasidan jati, ngawaki Iman ika, teteping Suhul, apa bae kang kok rasa, tetep ana jro Sanubari, yeku marga utama, lakonana kalawan tertib, sareh, sabar, kanthi lon-alonan, aja kesusu atine, kang perlu amung sujud, tetep tata lenggahe, rinasa jroning dhadha.
Artinya :
Tetaplah sujud dengan baik jangan suka bohong itulah jalan menuju meninggal dengan sempurna, menjalani Iman, dengan Suhul, apa saja yang engkau rasakan, tetaplah di dalam Sanubari, itulah jalan yang utama, jalanilah dengan tertib, tenang, sabar, dengan perlahan-lahan, janganlah tergesa-gesa hatimu, yang perlu hanyalah sujud, tetaplah sujud dengan baik dan benar, terasa di dalam dada.
WEWARAH 21
01.
Hidup di dunia sarananya adalah harta benda, tetapi jangan sampai mengabdi, wujudnya tenggelam di dalam harta benda, apabila tenggelam menjadi penghalang. ( Harta Benda Duniawi )
02.
Khaq tetap berada di dalam Sanubari. ( Khaq ada di Sanubari )
03.
Akan menerima Bimbingandari Allah SWT sendiri dengan perantaraan Rasa Suci, atau Khaqiqi, atau Dewa Ruci di dalam rasa gaib. ( Khaqiqi )
04.
Junun itu berwujud tenang tenteram, itu yang baik untuk menjalani Ilmu Suci. ( Junun )
05.
Hukum orang beriman yang teguh sentosa hanya satu matanya selalu tertuju kepada Allah. ( Iman Tauhid atau Iman Bulat 100% )
06.
Menderita dan Senang bagi orang yang telah berserah diri kepada Allah SWT haruslah dijalani, itu petunjuk dari para Nabi. Kehidu8pan para Nabi juga demikian itu, hidup mereka lebih sengsara daripada engkau. Hanya Allah saja yang mereka abdi, walaupun sampai mati mereka tidak gentar menjalaninya. Hanya berserah diri total hanya kepada Allah saja. Sumarah itu warisan dari para Nabi.
07.
Janganlah sampai engkau semua lupa, apabila menerima Kasih Allah SWT, jangan sampai merasa lebih dari umat lain atau sesama, haruslah tetap merasa bahwa dirimu adalah abdi, yang harus selalu tetap ingat akan menghadapmu kepada Hyang Mahaagung, merasa bahwa selalu berada di dalam Kuasa Allah SWT selalu menjalani menghadap di hadapan Allah SWT.
08.
Yang dikehendaki Allah SWT itu orang yang Imannya sudah lepas dari hawanafsu. Apabila sudah tidak terikat akan sangat mudah menghadap kepada Allah SWT. Maka sebaiknya di antara sela-sela bekerja tenang, diam sampai sumarah berserah diri total kepada Allah SWT . Pelaksanaannya dengan sambil duduk-duduk, sambil tiduran, berdiri, dapat saja. Penting sekali dapat membiasakan diri tenang. Apabila sudah terbiasa tenang, lalu sampai ke berserah diri total hanya kepada Allah SWT saja, tidak akan mudah digodha.
09.
Yang penting haruslah hanya berwujud di dalamRasa Suci, selalu ingat bahwa selalu di hadapan Allah yang Mahaagung, selalu taat akan semua Perintah dan Kehendak-Nya, jangan sampai merasa susah apabila sedang disucikan oleh Allah SWT, hanya berserah dirilah saja kepada-Nya.
10.
Haruslah selalu ingat bahwa apabila sewaktu-waktu ada gerak di dalam hati merasa dapat memberikan pelajaran dan petunjuk, itu adalah gerak dari Hati Setan atau Hati Batal, yang selalu tetap egois sifatnya.
11.
Apabila kurang teliti, sering mengaku sebagai Sang Mahaguru, dapat mengajarkan semua ilmu lahir dan batin sempurna, sempurna menguasai segala yang gaib, itu Hati Setan atau Hati Batal.
12.
Sarat untuk dapat menjalankan hubungan dengan Khaq adalah tenteramnya hati hanya bersujud di hadapan Allah SWT.
13.
Supaya dapat menjalani Ilmu dengan baik janganlah sampai berbuat yang menyimpang dari Jalan Allah, janganlah serakah, jangfanlah sering marah-marah, janganlah semua itu engkau turuti saja, itu semua adalah penghalang.
14.
Tempatnya Khaq adalah di dalam Sanubari,hawanafsu sudah tidak ada apabila sudah berada di dalam Sanubari. Adanya hanya Iman kepada Allah SWT mengabdi hanya kepada Allah SWT saja.
15.
Gesang ing ndonya pirantosipun brana, nanging sampun mangeran, wujudipun kerem, yen kerem memalangi. ( BANDHA DONYA )
16.
Mangka tetepipun saking Khaq, wonten ing Sanubari. KHAQ WONTEN ING SANUBARI
17.
Mangke angsal tuntunan saking Allah pribadi alelantaran Rasa Suci, inggih Khaqiqi, inggih Dewa Ruci wonten salebeting rasa gaib. ( KHAQIQI )
18.
Junun iku ayem tentrem wujudipun, iku kang prayoga, amamardi Ngelmu Suci. ( JUNUN )
19.
Kukuming tiyang Iman ingkang teguh santosa, mung siji mripatipun nuju mring Allah. ( IMAN TAUHID UTAWI IMAN BULAT 100% )
20.
Lara penak tumraping wong kang sumarah kudu dilakoni, iku warahing para Nabi. Lakonira iya mangkana, lakune luwih sangsara katimbang sira. Mung Allah kang den kawulani, nadyan tekan pati, Nabi kuna ora wigah-wigih. Mung pasrah jia raga mring Gusti. Sumarah iku warising Nabi.
21.
Ja lali mungguhing umat, yen sira antuk Sihing Gusti, ywa rumangsa punjul, kudu rumangsa kawula, ingkang tansah enget idheping Hyang Mahaagung, rumangsa yen kapurba ngawaki ngaras ing Gusti.
22.
Mila makaten Karsa Allah ingkang dipun karsakaken Imanipun sampun luwar saking hawanapsu. Manawi sampun mboten kaiket badhe gampil ngidhep ing Allah. Mila sakselaning pandamelan lerem, kendel ngantos sumarah. Cak-cakanipun kaliyan lenggahan, tileman, jumeneng, kenging. Perlu lajeng saged kulina lerem. Yen sampun kulina lerem, lajeng dumugi Jinem, mboten gampil kagodha.
23.
Wajibe kang lugu amung mujud ing Rasa Suci, eling yen kapardi ngarseng Hyang Mahaagung, manut sakrehira, aja kongsi susah yen binabar suci, mung pasraha kewala.
24.
Marma kudu emut, lamun ana krenteging ati kang rumangsa bisa mulang tuwin muruk, iku pangajaking Ati Batal, kang tetep aran egois.
25.
Marmanira yen kurang satiti, sok keplantrang ngaku dwija tama, bisa mulang sabarang reh, ing lahir batin putus, mumpuni saliring gaib, iku Drubiksa nyata Bataling Ati Setan lugu.
26.
Sarating Khaq rujukira tentreming manah mung sungkem ing Allah.
28.
Rujuke ana ngilmu aja nglakoni nistip, aja srakah, aja kerep nepsu, ora kena sira uja, iki pepalang.
29.
Dhudhuking Khaq neng Sanubari, hawanapsu ora ana yen wus lenggah neng Sanubari. Anane mung kari Iman ngawula ngarseng Hyang Widdi.
WEWARAH 22
BAB BELAJAR SUJUD SUMARAH UNTUK YANG BARU BELAJAR
Sebelum melakukan Sujud Sumarah terlebih dahulu harus menenangkan pancaindera serta menenteramkan hati. Tenangnya Pancaindera berwujud ada perwujudan tidak dilihat, ada suara tidak diperhatikan, mendengar sesuatu tidaklah didengarkan, ada bau apa saja tidak memciumnya, ada rasa yang terasa sekujur tubuh tidaklah dirasakan, adanya hanya kosong sama sekali. Tenteramnya hati akan mewujudkan diam, hening, menyadari serta ingat selalu akan Sang Khalik yang kita sembah, Allah SWT, Tuhan yang Mahaesa. Jadi apabila sudah tenang tenteram, jalannya Sujud Sumarah dapat mewujudkan diam, hening, selalu sadar dan ingat akan Allah.
Sujud Sumarah berjalan dari bersatunya angan-angan, Budi, dan rasa. Angan-angan sebagai wakil tubuh atau raga, Budi adalah wakil dari Kuasa Yang Mahahidup atau Terang , adapun rasa wakil roh atau jiwa. Bersatunya angan-angan, Budi, rasa, lalu bersama-sama sujud sumarah di tempat persujudan di Sanubari, yang arahnya ada di dalam dada. Apabila di dalam Sanubari di dalam dada tersebut telah ada rasa lega, sejuk tenang, nikmat membangkitkan semua kebaikan, menandakan bahwa Sujud Sumarahnya sudah benar, karena raswa yang demikian itu adalah perbawa atau pengaruh dari rasa Dat Allah. Apabila rasa sujud belum ada tanda-tanda dari salah satu rasa yang telah disebutkan di atas, menandakan bahwa Sujud Sumarahnya belum benar.
Apabila Sujud Sumarahnya sudah selalu tetap baik dan benar, di dalam Sujud Sumarah yang telah selalu baik dan tenang itu di dalam hati diperkenankan bertanya kepada Allah SWT, apa saja kebutuhannya. Berdasarkan pengalaman, nanti akan mendapatkan jawaban di dalam Sanubari berwujud kata-kata yang singkat padat seperlunya saja. Apabila sudah biasa akan menerima Pelajaran, Pendidikan, Pencerahan, Penjelasan, Sabda-Sabda, dan sebagainya dari Allah SWT dengan perantaraan Khaqiqi atau Rasa Suci. Lama-lama suwara yang ada di dalam Sanubari tersebut dapat keluar melalui mulut atau bibir seperti berbicara biasa itu.
Apabila sudah diperkenankan yang demikian itu, semua kebutuhan kita yang sangat penting diperkenankan kita tanyakan kepada Allah SWT.
BAB NYINAU SUJUD SUMARAH KANGGE SADHEREK ENGGAL
Saderengipun tumandang Sujud Sumarah langkung rumiyin angleremaken pancadriya sarta nentremaken penggalihipun. Lereming Pancadriya wujudipun wonten wewujudan mboten dipun tingali, wonten suwanten mboten dipun paelu/gatosaken, wonten rungu mboten dipun mirengaken, mambet ganda punapa kemawon mboten dipun ganda, wonten raos keraos ing badan sakojur mboten dipun raosaken, wontenipun namung suwung blung. Tentreming manah badhe mujudaken eneng, ening, eling dhateng Gusti Pangeranipun, inggih Allah SWT, Tuhan yang Mahaesa. Dados menawi sampun lerem tentrem tumaneming Sujud Sumarah saged mujud eneng, ening, eling.
Sujud Sumarah wau saking manunggilipun angen-angen, Budi, lan rasa. Angen-angen minangka wewakiling awak/raga, Budi minangka wewakiling Purbaning Ingkang Mahagesang utawi Pepadhang, dene rasa minangka wewakiling roh/jiwa. Kempaling angen-angen, Budi, rasa, sami sesarengan sujud Sumarah lenggah wonten ing pasujudan ing Sanubari, ingkang arahipun wonten salebeting jaja. Menawi salebeting Sanubari ing jaja wau sampun wonten raos apesipun lega, anyep sakeca, nikmat munfangat, mratandhani bilih Sujud Sumarahipun sampun leres, awit raos ingkang makaten wau kaprabawan saking raosing Datullah. Menawi raosing sujud dereng wonten titik-titik saking salah satunggaling tandha ingkang kasebat ing nginggil, pratandha manawi Sujud Sumarahipun dereng leres.
Manawi Sujud Sumarahipun sampun ajeg sae lan leres, salebetipun Sujud Sumarah ingkang sampun leres lan sakeca wau, sarana batos dipun parengaken nyuwun periksa dhateng Allah SWT, punapa kabetahanipun. Miturut pengalaman, mangke saged angsal jawaban wonten salebeting Sanubari kanthi tembung cekak aos saperlu kemawon. Menawi sampun kulina lajeng angsal piwulang, pendhidhikan, penerangan, penjelasan, dhawuh-dhawuh, lan sapiturutipun saking Allah SWT, lumantar Khaqiqi, utawi Raos Suci. Dangu-dangu suwanten saking Sanubari wau saged kawiyos wonten ing lesan/lathi kadosdene gineman limrah punika.
Samangsa sampun dipun parengaken makaten, lajeng sadaya kabetahan kita ingkang wigatos kapareng nyuwun periksa dhateng Allah SWT.
WEWARAH 23
BAB HATISETAN ATAU HATI BATAL
Orang menjalani Ilmu Kesucian itu sungguh sangat gawat sekali, apabila kita kurang teliti dan waspada, dapat tergelincir masuk ke dalam jalan yang sesat. Jalannya Ilmu Sumarah terus berjalan. Jalannya Ilmu sering sekali melalui jalan yang gawat dan sangat sulit. Di dalam Iman kita selalu ada perjalanan yang selalu berlawanan, yaitu Khaqiqi dan Hati Setan, benar dan salah, baik dan buruk, dan seterusnya.
Hati Setan sering kali menyamar, mengaku bahwa dia juga Allah atau Khaqiqi, padahal selalu berada menyatu di dalam tubuh kita, dapat juga memberikan pelajaran, tuntunan, sabda, keterangan yang bermacam-macam sekali, apabila kita kurang teliti dan waspada, kita dapat dipengaruhi Hati Setan yang menyamar itu.
Apabila Hati Setan yang menyamar itu yang berbicara, semua saudara yang mendengarkan akan merasa tidak enak dan tidak percaya akan maksud yang dikatakannya itu, sehingga akan menimbulkan rasa kecewa, bimbang, tidak puas dan tidak percaya. Akibatnya lalu menjadi ragu-ragu di dalam akan menjalani Ilmu-Nya Allah. Ini semua berdasarkan kenyataan bahwa apabila yang berbicara itu orang yang digerakkan oleh Hati Setan yang menyamar itu yang mendengarkan selalu demikian itu.
Apabila dari Allah dengan perantaraan Khaqiqi, rasanya enak tenang tenteram. Yang diajarkannya dapat menyentuh hati para hadirin dengan tenang, maknanya dapat diterima dengan terang dan jelas.
Apabila Pelajarannya sudah banyak, haruslah berhati-hati, teliti dan waspada, jangan sampai ada Pelajaran yang berasal dari Hati Setan yang menyamar itu.
Pelajaran dari Hati Setan yang menyamar itu sering kali berwujud menonjolkan diri , merasa yang paling dekat dan dikasihi oleh Allah, senang menonjolkan namanya sendiri, merasa yang paling benar sendiri, senang disanjung-sanjung oleh orang lain, dipuji-puji, sangat dihargai dan dihormati karena dibimbing ke keluhuran dan kemakmuran, senang kaya harta benda, senang bermain perempuan, apabila sudah termashur lalu mempunyai sifat sombong, arogan, apabila salah dilemparkan ke orang lain, apabila benar diakuinya dari tindakannya atau pekerjaannya sendiri.
Tuntunan dari Hati Setan yang menyamar itu apabila dipercaya dan diikuti akan membuat sifat orang yang digerakkan oleh Hati Setan yang menyamar itu menjadi semakin berkembang menjadi semakin merasa luhur martabatnya, egois. Hal tersebut berlaku untuk siapa saja.
BAB MANAH BATAL
Tiyang ngudi ngelmu kasucian punika gawat kaliwat-liwat, menawi kita kirang titi lan waspada, saged tergelincir wonten margining panasaran. Kamangka lampahing Ngelmu Sumarah kita punika tansah lumampah terus. Lampahing ngelmu sering nglangkungi gawat lan rumpil. Saklebeting Iman kita wonten lelampahan ingkang tansah lelawanan ( ngaler-ngidul ), inggih punika Khaqiqi lan Batal, leres lan lepat, sae lan awon, lan sapiturutipun.
Manah Batal sering mowor sambu, ngaken manawi piyambakipun ugi Allah utawi Khaqiqi, mangka wujudipun tunggal saawak kita, ugi saged suka piwulang, tuntunan, dhawuh, keterangan ingkang mawarni-warni sanget, menawi kirang titi lan waspada, saged dipun pengaruhi dening ingkang mowor sambu wau.
Menawi ingkang mowor sambu wau ingkang pidhato, sadaya para kadang ingkang mirengaken raosipun mboten sakeca sarta mboten pitados maksud ingkang dipun andharaken wau, satemah nukulaken manah gela, cuwa, bimbang, mboten marem sarta mboten pitados.
Akibatipun lajeng sami mangu-mangu anggenipun badhe ngudi Ngelmuning Allah. Punika sadaya dhedhasar saking kenyataan, sauger tiyang ingkang dipun tunggangi dening ingkang mowor sambu wau, inggih punika akibatipun ingkang mirengaken tetep sami mekaten.
Menawi saking Allah lumantar Khaqiqi, raosipun sakeca lerem tentrem ayem. Warahipun saged ngengingi dhateng para hadirin kanthi tenang, suraosipun wewarah saged katampi kanthi cetha lan terang.
Menawi sampun kathah wewarahipun, kedah ngatos-atos saha titi waspada sampun ngantos wonten ingkang mowor sambu ngaken-aken Allah. Sarehning dereng mangertos pundi ingkang leres lan pundi ingkang lepat, menawi wonten kenyataanipun, punika saking Allah lumantar Khaqiqi, menawi mboten wonten kenyataanipun, punika saking ingkang mowor sambu wau.
Wewarah saking ingkang mowor sambu kalawau, adhakanipun asring anonjolaken dhiri, rumaos celak dipun sihi dening Allah piyambak, remen mandhiri, rumaos leres piyambak, remen dipun sanjung-sanjung ing liyan, ingalembana, dipun puji-puji, dipun aosi sanget, jalaran dipun tuntun dhateng kaluhuran lan kemakmuran, remen sugih raja-brana, remen anjamah dhateng wanita ingkang dipun kajengaken. Menawi sampun termashur lajeng anggadhahi watak sapa sira sapa ingsun, makaten sapiturutipun. Menawi lepat dipun bucal ing liyan, menawi leres dipun anggep saking pakartinipun piyambakipun. Tuntunan saking ingkang mowor sambu punika menawi dipun gega, saya dangu saya berkembang, kumaluhur, egois. Punika tumrap dhateng sok sintena kemawon.
WEWARAH 24
TATARAN TERTINGGI ILMU SUMARAH
Tataran tertinggi Ilmu Sumarah adalah tumbuhnya IMAN TAUHID, KESADARAN yang tetap di dalam diri seseorang bahwa dia adalah makhluk ciptaan yang sebenar-benarnya dan sesungguh-sungguhnya tidak dapat apa-apa, tidak mempunyai apa-apa, dan tidak kuasa apa-apa, yang seharusnya dan sepantasnya hanya melulu taat, patuh, bersembahsujud, dan mengabdi hanya kepada Allah SWT semata, YANG MENCIPTAKANNYA, YANG SEBENAR-BENARNYA DAN YANG SESUNGGUH-SUNGGUHNYA YANG DAPAT MELAKUKAN APA SAJA, YANG MEMPUNYAI APA SAJA, DAN YANG BERKUASA APA SAJA.
Apabila belum tumbuh Kesadaran tetap tersebut seseorang tersebut belum sampai pada Tataran Tertinggi Ilmu Sumarah yaitu IMAN TAUHID kepada ALLAH SWT.
By alang alang

WIJINING URIP

Wimbaning rasa kang aneng jro ati, wimbaning katongton, pan rumongso anuksma rasane, ing tingal sih rasane kang urip, kumpule dumadi, raos sakahetung.

Mapan aling wijining ngaurip, wijine sawiyah, enur suhut kalawan ngelmune, wadah ira geni lawan angina, ping kalihe malih, siti lawan banyu, iya iku tunggale sawiji sampurnane dadi wong.

Tiningalan iku ing lair ira, iya iku rasa banyu urip, kuwat ira angina, geni karep nepsu iku ingkang amadahi, dadinira awor, iku pada lan lair tamtune.

Rasa cahya manjing marang ngelmi, wiji kang duweni, tan kena cinaturan ingaranan sampurnaning urip, iku dipun cernoh, aja sira karem donya bae, pan weruh wawekasan urip, cahya rasa urip iku dipun weroh .

Sipat iku kang sira tingali marganipun weroh, iyo apan iku ing dadine, yenta weruh sira rupa jati, nggon ira aurip, iku misih bingung .

Iya mengko sira sun tuturi tegese kang raos, aja sira tingal jaba bae, upamanira yen sira guling lamun sira ngimpi , sapa kang andulu raragane pan kira aguling, ing jero miraos wan loro tunggale, nora pisah pan ora atunggil, pilih kang ngawruhi,  lir kaca dinulu .

Jroning kaca sira tingali, tanpa dununging nggon, iya uga among sira dhewe kaca iku umpamane jisim, kalimputan urip, sukma kang ndulu, rasa iku kang wujut jati, katingal kang katon, sirno jisim mulih ing asale, mapan asalira duk dumadi, bhumi angina geni, kaping patte banyu.

Jisim alus tan kena ing pati, iyo iku erroh, among rasa nikmat lan larane, tandya wangenan nggon ira aurip.

Lan sakehe kang jro nala tingali sayekti, kalbunira nyatane Hyang Widi, kakelir sayekti, megane pandulu.

Umpamane lir sare lan estri tingal ira raos, sumrah kabeh ing raga nikmate, suka nikmat tan wonten kuwatir, tan ngraos darbeni, sedaya pan kumpul.

Lamun sira yen arsa aguling, tan dyanen sayektos, napas ira pan iku yektine, sarta lamun sira manjing, lampahe aririh, rahmat kang tumurun.

Liyaping netra kang rohmat wus manjing, ing jro manah awor, dadya lali ing kanikmatane, marma datan anget raga iki, tanwruh kula gusti, dudu iyo dudu.

Iya iku al bransanusiri, Mukhammad rasengo, sira kawiti kang sun dadekake, pan wiji sekalir dumadi, saking ing sireki, sira saking ingsun.

Dipun reksa saranaken urip, pasrahna Hyang Manon, dipun nggono rasa sarirane, dipun awae nggonira ngulati, kang trus lawan ngelmi, pituduh ing guru.

Sabdaning gurunen ngati-ati, anuta ing pakon, sarta iklas ing pangidhep kaberah, pati urip datan den rasani, sunya lawan lawan singgih, pan ora kaetung.

Mengko padha sun tuturi malih, brahisih kang katon, kweruhana, ya ing dadine, pan ing raga dununge ing ati, ati ingkang putih, arane pausuh.

Patang prakara dadine kang isih, pan sanes kang enggon, ingkang dhingine jantung nggone, kaping kalihe limpa sadyang ati, tyaspangasih, kaping tiganipun.

Ingkang welas sarta awor asih, iku ning papusuh, tulung tinulung ing kono kuwi, tyas ing sih lakune dhemeni, tresna lan kapengin iku nggonipun.

Ingkang wonten jejantung puniki, kasmaran ingkang wong, iya supe marang liyane, kerut sedyane sih lan rasmi, rasaning sih, sadaya kapengku.

Ingkang kekalih sih dunya kang katon, lana reremen kalawan tunggale, budi piker metu ing jro ati, sabar lileng pati, donya tan kaetung,

Kaweruhana ja sira lali iku kang weruh, ing marmane aling ing paberane, barang cinta pangucap ing osik lawan esir, ya saking Hyang Agung.

Pan tarima lakune kang yekti, iku imaning wong, ingkang padhang nora pethenge, iya padhang tegese pan eling, nora kena lali, iku dhikir Ya Hu.

Erapipun kang dhikir puniki, napas manjing wiwitane panjinge napas, wedalipun napas Hu kang kapuji, ing sajeke urip, melek lawan turu.

Tegese Ya hu Allah kang urip, kang mubeng tumuwoh, sakabeh kang gumelar, urip langgeng ingkang Maha Suci, aniyata dhikir, ing sakjroning kalbu, iya iku sampurna kang urip, dadene papan awor, awor cahya kang padhange linge,  pan ciptanen dadine sawiji, iya ruh ilafi, dadine jeng rasul.

Nalikane sira angabekti, rumongsaha kang awor, tuwin sira dhuk dhikir kalane, pan ing kono nggoning kang ning, raganira iki sirnaning pandulu liyaping netra.

Kebut ing ati akbarira awor, petenging tyas tan aling ragane, Wimbuh ira katingal jro ati mring kang Maha Suci, Sih ira Hyang Agung.

Datan mawi lantarane malih, Sih Pangeraning wong, Iya rahmatira iku kabeh, Yakna rahmat Sih tumurun tan elingling diri, tansah manah liwung.

WARAHING HIDAYAT JATI

Iki Warahing Hidayat Jati, anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat wewejangan saka para Wali ing Tanah Jawa, sasedane Kanjeng Susuhunan ing Ngampeldenta, pada karsa ambuka wiridan kang dadi wijining wewejangan surasaning ngelmu kasampurnan dewe-dewe, wiyose iya uga asal saka Dalil Hadis Ijmak Kiyas, kaya kang wis kasebut ana sajroning Wirid kabeh, mungguh pepangkatane sawiji-wiji kapratelakake ing ngisor iki :
Kang dingin, saankatan nalika jaman awale nagara ing Demak, para Wali kang karsa amejang amung wolu.
1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Kadaton, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Tandes, wewejangane, Wedaran Wahananing Dzat.
3. Kanjeng Susuhunan ing Majagung, wejangane, Gelaran Kahananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Benang, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-makmur.
5. Kanjeng Susuhunan ing Muryapada, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-muharram.
6. Kanjeng Susuhan ing Kalinyamat, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Gunungjati, wewejangane, Santosaning Iman.
8. Kanjeng Susuhunan Kajenar, wewejangane, Sasahidan.
Kang kapindo, ing saangkatan maneh nalika jaman akhire nagara ing Demak, para Wali karsa amejang iya amung wolu.
1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Parapen, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Darajat, wewejangane, Wedaran Wahananing Dzat.
3. Kanjeng Susuhunan ing Atasangin, wewejangane, Gelaran Kahananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-makmur, banjur ambabar sagung kang dadi parabote amatrapake panjenenganing Dzat kabeh, nanging durung urut patrap panggonane ing sawiji-wiji.
5. Kanjeng Susuhunan ing Tembayat, kalilan dening guru Kanjeng Susuhunan Kalijaga, ambabarake wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-muharram.
6. Kanjeng Susuhunan ing Padusan, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Kudus, wewejangane, Panetep Santosaning Iman.
8. Kanjeng Susuhunan Geseng, wewejangane, Sasahidan.
Dene wewejangane kang wis kasebut ing duwur iku, surasane iya anunggal bae, amarga pada wewiridan saka pamejange Kanjeng Susuhunan Ngampeldenta kabeh, mula ing mangko kaimpun dadi sawiji, supaya gampanga enggonku angrasakake riwayating Dalil Hadis Ijmak Kiyas, sarehne hakekate Dzating Pangeran Kang Amaha Suci iku binasakake luwih dening gaib, tanpa warna tanpa rupa, asifat dudu lanang, dudu wadon, dudu wandu, sarta ora mawa jaman, ora arah ora enggon, amung cipta-sasmita dumunung ana waskita, wewisikane ora ana apa-apa, sakehe kang kasebut iku dudu sajatining Dzat kabeh, ananging kang wajib kaimanake amung Ingsun.
Mungguh wewisikane kang wis waskita iku, manawa durung bisa anampani ing panggalih, prayoga amarsudi ing surasane pangimpuning para wewejangan kabeh, kaya kang kasebut ana Warahing Hidayat Jati mangkene.
Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku asifat Esa, dibasakake Dzat mutlak kadim azali abadi, tegese asifat sawiji, kang amasti dingin dewe nalika isih awang0uwung salawase ing kahanan kita, iya iku jueneng pribadi, ana sajroning nukat gaib kang keluwih langgeng, ing kono amedarake kurat iradate dadi pitung kahanan, minangka warnaning Dzat, dadi wahananing sifat, asma afngal kabeh, ing ngisor iki babare sawiji-wiji.
1. Chayu, tegese urip, dumunung sajabaning Dzat.
2. Nur, tegese, cahya, dumunung sajabaning Dzat.
3. Sir, tegese rahsa, dumunung sajabaning cahya.
4. Roh, tegese nyawa, diarani sukma, dumunung sajabaning rahsa.
5. Napsu, tegese angkara, dumunung sajabaning sukma.
6. Akal, tegese budi, dumuning sajabaning napsu.
7. Jasad, tegese badan, dumunung sajabaning budi.
Denen Chayu, iku kang kapasrahan pangawasaning Dzat, kinarsakake anguripi kahananing cahya, rahsa, sukma, napsu, budi, badan kabeh, sumarambah saka ing wiwitan tumeka ing wekasan, mungguh wewijangane kaya ing ngisor iki.
1. Ing nalika kayu anguripi kahananing cahya, sumarambah ing netra ing netra, wahanane dadi bisa aningali iya iku paningaling Dzat angagem ing netra kita.
2. Ing nalika kayu anguripi kahananing rahsa, sumarambah ing grana, wahanane dadi bisa angganda, iya iku panggandaning Dzat angagem ing grana kita.
3. Ing nalika kayu anguripi kahananing suksma, sumarambah ing lidah, wahanane dadi bisa angandika, iya iku pangandukaning Dzat angagem lesan kita.
4. Ing nalika kayu anguripi kahananing napsu, sumarambah ing talingan, wahanane dadi bisa amiyarsa, iya iku pamiyarsaning Dzat angagem ing karna kita.
5. Ing nalika kayu anguripi kahananing budi, sumarambah ing ati, wahanane dadi bisa birahi anduweni karsa, iya iku karsaning Dzat angagem ing ati kita.
6. Ing nalika kayu anguripi kahananing jasad, sumarambah ing getih, wahanane dadi bisa ambekan, banjur anuwuhake wulu kuku sapadene, iya iku afngaling Dzat angagem ing saulah kita, saestu ora beda ing nalika amratandani agngal sajroning alam, banjur bisa amolahake srengenge rembulan angin sapanunggalane, saisen-isening alam kabeh , pada dumunung ana ing purba wisesaning Dzat kaya kang kasebut ing ngisor iki :
a. Dzat amurba Kayu, tegese Dzat iku witing urip.
b. Kayu amisesa Nur, tegese urip iku amengku wahyaning cahya.
c. Nur kang misesa Sir, tegese cahya iku amengku uriping suksma.
d. Sir amisesa Roh, tegese rahsa iku amengku uriping suksma.
e. Roh amisesa Napsu, tegese suksma iku amengku uriping napsu.
f. Napsu amisesa Akal, tegese napsu iku amengku uriping budi.
g. Akal amisesa jasad, tegese budi iku amengku uriping jasad. Mungguh baline mangkene.
Jasad kawisesa dening budi, budi kawisesa dening napsu, napsu kawisesa dening suksma, suksma kawisesa dening rahsa, rahsa kaisesa dening cahya, cahya kaiwisesa dening urip, urip kapurba Dzat, mulane wahananing urip iku tanpa wangenan karo ananing Dzat, iya urip kita iku Dzating Gusti Kang Amaha Suci Sajati, aja uwas sumelang ing galih.
————————————————————————————————- Alang Alang Kumitir
Kapethik saking buku wirid hidayat jati.

PATRAPE MANEKUNG (SEMADI)

PATRAPE MANEKUNG SAKA WASIYAT DALEM KANJENG PANEMBAHAN SENAPATI INGALAGA
Dene santosaning pangesti kayektekake kang dadi tandane, iku Manawa pinesu ing sajroning manekung anungka semadi aneges karsa, amrsudi kawasa, adapt kang wis kalakon, ana mangunah teka kagawa ing utusan metu saka sarira kita kang amaha mulya, amawa tanda katon saka pramana karasa ing dalem rahsa, ing kono Manawa katarima kang cinipta dadi, kang sinedya ana, kang kinarsan teka saka parmaning Kang Kawasa, mungguh pratikele Manawa arep manekung saka wsiyate Kanjeng Panembahan Senapati Ingalaga Mataram, kaya ing ngisor iki.
Wiwit angurangi dahar sare, anyegah sahwat ambirat napsu hawa ing sawatara dina, banjur pasa anglowong sarta ambisu ing dalem telung dina telung bengi, ora kena angemu sak serik duka cipta, Manawa pasane wis kari sawengi ora kena sare, bareng ing wayah tengah wengi adus banjur manganggo kang sarwa suci, sarta akekonyoh (damel) ganda wida jebab wangi (minyak wangi), adedupa madep mangetan utawa mangulon angarepake keblate dewe, tumeka ing wayah bangun esuk iku wiwit tafakur mati raga nutupi babahan nawasanga, patrape pitekur, jempol sikil ketemokake pada jempol sikil dipapak, polok katemukake pada polok di gatuk, jengku katemokake pada jengku dirapet, palanangan sapalandungane sinipat karo jempol sikil dibener aja nganti katindihan, nuli asta karo angrangkul jengku patrap sidakep suku tunggal, darijining asta pada antuk ing selaning dariji kaya angapu rancang, jempol asta banjur winawas karo pucuking grana, nuli anata wetuning napas tanapas anpas nupus, aja nganti tumpang suh kumpule dadi siwiji, ing kono tinarik saka kiwa tumeka ing puser leren saantara suwene banjur katurunake anengen metu ing leng grana tengen kang alon aja nganti kasusu. Manawa wis sareh anarik napas maneh saka tengen tumeka ing puser leren saantara suwene banjur katurunake angiwa metu ing leng grana kiwa kang alon aja nganti kasusu, ambal kaping telu kaya mangkono panariking napas, wekasane manawa sareh anarik napas maneh saka kiwa mubeng anengen, saka tengen mubeng angiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing puser, banjur katarik manduwur bener kang sareh, leren tinata ana ing dada, banjur katarik manduwur maneh kang alon-alon, leren tinata ana ing sirah, ing kono angenengake cipta sarwi osik matrapake panjenenganing Dzat kaya mangkene :
“Ingsung Tajalining Dzat Kang Amaha Suci, Kang Amurba Amisesa kang Kawasa angandika kun fayakun, dadi saciptaningsun, ana sasedyaningsun, teka sakarsaningsun, ……………… anung………….. metu saka ing kudratingsun”. Manawa wis mangkono, adat pada sanalika bae kayektenan kang dadi tandane, nuli panariking napas katurunake metu ing leng grana karo pisan kang alon aja nganti kasusu, ing wekasan pasrah analangsa marang Dzat kita dewe.
Mungguh patraping panekungan iku prayogane bisaa kalakon ing saben sasi sapisan, arane amung saben ing dina ijabah bae aja nganti katowangan (kelalen), sabab ing kono waktuning katarima saliring panuwun, kaya kang kasebut kapratelakake ing ngisor iki.
1. Sasi Muharram, ijabahe tanggal kaping 9, karo tanggal kaping 10.
2. Sasi Mulud, ijabahe tanggal kaping 12.
3. Sasi Rejeb, ijabahe tanggal kaping 27.
4. Sasi Ruwah ijabahe tanggal kaping 15.
5. Sasi Pasa, ijabahe tanggal kaping 21, 23, 25, 27 utawa tanggal kaping 29.
6. Sasi Besar, ijabahe tanggal kaping 8 utawa tanggal kaping 9.
Liyane dina-dina ing duwur iku pada sepen tanpa dina ijabah.
Urut-uruting Arane Wahananing Dzat
Ing mengko amratelakake urut-urutaning namane Wahananing Dzat kang wis kasebut ing ngarep kabeh mau kaya ing ngisor iki.
CHAYU
Kang dinging Chayu tegese urip, diarani Chayun tegese panguripan, diarani maneh Chayat tegese anguripi, diarani maneh Chayu Daim tegese urip kang tetep, ananging sejatine iya among sawiji Chayu iku.
N U R
Kang kapindo Nur tegese Cahya, iku sejatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi limang pasebutan.
1. Nur Riyat tegese cahya samar, warnane ireng.
2. Nur Rani tegese cahyo loro, iya iku cahya kapindo, warnane abang.
3. Nur Mahdi tegese cahya sumirat, warnane kuning.
4. Nur Nubuwat tegese cahya kang santosa, warnane ijo.
5. Nur Muhammad tegese cahya kang pinuji, warnane putih
Mungguh grebane kabeh iku, kasebut Nurullah tegese cahyaning Allah.
S I R
Kang kaping telu Sir tegese rahsa, iku sejatine iya amung siwiji, ananging dinamani dadi nem pasebutan.
1. Sir Ibtadi tegese rahsa purba, iya iku dadi wahyaning asmaranala.
2. Sir Kahiri tegese rahsa wisesa, iya iku dadi wahyaning asmaratura.
3. Sir Kamali tegese rahsa sampurna, iya iku dadi wahyaning asmaraturida.
4. Sir Ngaji tegese rahsa mulya, iya iku dadi wahyaning asmaradana.
5. Sir Hakiki tegese rahsa sajati, iya iku dadi wahyaning asmaratantra.
6. Sir Wahdi tegese rahsa tunggal, dinamani Sir Gaibi tegese rahsa gaib, iya iku dadi wahyaning asmaragama.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Sirullah tegese rahsaning Allah.
R O H
Kang kaping pat Roh tegese nyawa utama suksma, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi pitung pasebutan.
1. Roh Jasmani tegese nyawaning jasad, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake anggaotaning badan, dingibaratake roh kewani tegese kaupamakake nyawa kang anguripi sato kewa.
2. Roh Nabati tegese nyawaning tumuwuh, iya iku wewanyanganing nyawa kang anuwuhake wulu kuku sapanunggalane, tumanem dadi uriping budi.
3. Roh Napsani tegese nyawaning napsu, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake hawananing napsu.
4. Roh Rochani tegese nyawaning suksma, iya iku wewayangananing nyawa kang anguripake warananing suksma.
5. Roh Rahmani tegese nyawaning kang sifat murah diarani Roh Rabani tegese nyawaning Pangeran, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake kahananing rahsa.
6. Roh Nurani tegese nyawaning cahya, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake wahananing cahya.
7. Roh Idlafi tegese nyawa kang wening diarani Roh Kudus tegese nyawa kang suci, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake ananing atma.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Rachullah tegese nyawaning Allah.
Dene terange wewejanganing Roh iku manawa karujukake karo wsiyate Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung, nalika musawaratan ngelmu kadawuhake marang Kyai Pangulu Ahmad Kategan, mangkene pangandika dalem.

Sejatine Roh iku sawiji minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa utawa jiwa kasebut aran suksma, prabedane pada amawa tanda sowang-sowang.
1. Tandaning Roh iku anganakake getih.
2. Tandaning Nyawa anganakake keketek.
3. Tandaning Jiwa anganakake napas.
4. Tandaning Suksma anganakake rasaning jasad.

Ananging Suksma iku ana pepangkatane dadi pitung warna, iki sawiji-wijine.
1. Patemone jasad lan napas iku den arani Suksma Wahya tegese suksma lair.
2. Patemoning napas lan budi iku den arani Suksma Dyatmika tegese suksma batin.
3. Patemoning budi lan napsu iku den arani Suksma Lana tegese suksma tetep.
4. Patemoning napsu lan nyawa iku den arani Suksma Mulya tegese suksma mulus.
5. Patemoning nyawa lan rahsa iku den arani Suksma Jati tegese suksma nyata, den arani maneh Suksma Rasa tegese suksma rahsa.
6. Patemoning rahsa lan cahya iku den arani Suksma Wisesa tegese suksma wenang.
7. Patemoning cahya lan urip iku den arani Suksma Kawekas tegese suksma pungkasan.
Dene patemoning Suksma kabeh iku dadi Suksma Adi Luwih tegese suksma utama, yen kumpul dadi Retna Inten Jumanten, iku ngibarating martabat Wachidiyat, campur dadi Sasraludira, iku ngibarating martabat Wahdat, sampurna dadi Sotyaludira, iku ngibarating martabat Achadiyat, waluya dadi Manik Maya gumilang tanpa wewayangan tegese bali dadi Dzating nukat gaib, mulih marang azali abadi.
N A P S U
Kang kaping lima Napsu tegese angkara, iku sajatine iya mung sawiji, ananging dinamani dadi patang pasebutan.
1. Napsu Luwamah tegese angangsa, darbe hawa amarakake dahaga arip luwe sapanunggalane, hawane ing waduk, wahyane saka lesan kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot ireng, sampurnane anarik leburing wulu kuku.
2. Napsu Amarah tegese sereng, darbe hawa amarakake angkara, panasten deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna (kuping) kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot abang, sampurnane anarik leburing kulit getih.
3. Napsu Sufiyah tegese meles, dinamani napsu Suwiyah tegese adreng, darbe hawa amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot kuning, sampurnane anarik leburing daging otot.
4. Napsu Mutmainah tegese jinem, darbe hawa amarakake loba, iya iku loba marang kautaman, kaya ta anglakoni puja brata tapa brata kang kalantur-lantur ora mawa watara, wahanane ing bebalung wahyane saka grana (irung) kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot putih, sampurnane anarik leburing balung sungsum.
Dene manawa kapatitisake witing napsu iku saka utek, dumunung ing ati dadi cipta, dumunung ing jantung dadi birahi, wetune saka jantung banjur dadi nupus, katampan ing ati maneh banjur dadi anpas, anunggal lakunimng getih banjur dadi tanapas, agambah marang maras banjur dadi napas, sumarambah ing jasad banjur ametokake swara saka lesan, mula sangkaning cipta birahi, nupus, anpas, tanapas, napas, swara, iku pada metu saka hawaning napsu kabeh.
A K A L
Kang kaping nem Akal tegese budi, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi limang pasebutan, manawa kaetung dalah kang arangkep nama dadi pitung pasebutan, pada anartani marang ngibarat namaning ati, kadadiyane anunggal pasebutan.
1. Budi Maknawi, iya ati manakwi tegese wahyaning budi.
2. Budi Sanubari, iya ati sanubari tegese wahananing budi.
3. Budi Suweda, iya ati suweda tegese woding ati, dadi ngibarat kahananing budi.
4. Budi Pu-at, iya ati pu-at tegese woting jajantung, dinamani budi jaki utawa ati jaki tegese ati suci dadi ngibarat pramananing budi.
5. Budi Siri, iya ati siri tegese rahsaning ati, dinamani budi safi utawa ati safi tegese ati wening dadi ngibarat pangrasaning budi.
Dene manawa kapatitisake pakartining budi iku diarani pancadriya, tegese ati lima, iya iku pangawasa kang metu saka rahsaning budi, peperangane dadi telung pangkat pada anglimang pakarti.
1. Diarani Karmendriya tegese purbaning budi, kayata : paningal, pamiyarsa, pangganda, pamirasa, pangrasa.
2. Diarani Antarendriya tegese antaraning budi kayata : keketek, napas, kedeping netra, rasaning lidah, kenyaming lambe.
3. Diarani Jayanendriya tegese wisesaning budi, kayata : karasaning kulit, parji, dubur, asta, sikil.
J A S A D
Kang kaping pitu Jasad tegese badan, iku sajatine iya mung sawiji, ananging dinamani dadi rong pasebutan.
1. Jasad Turab tegese badan kadadiyan saka lebu, dibasakake badan jasmani iya iku badan wadag.
2. Jasad Latip tegese badan alus, dibasakake badan rochani iya iku badan suksma.
Mungguh janjine badan wadag karo badan alus iku ora kena pisah, sangkan parane anunggal kahanan sajati, upama satu munggwing rimbagan, ananging wewangsulan ing tembe badan wadag iku luluh sampurna ana sajroning badan alus, kalimputan dening Chayu Daim tegese urip kang tetep dumunung ing kahanan kita pribadi, mula dipralambangi : warangka manjing curiga tegese badan wadag dumunung sajroning badan alus, nalika badan wadag isih dadi emban, lambange : curiga manjing warangka tegese badan alus isih dumunung sajroning badan wadag.
Pratikele Angluluh Ing Badan Wadag
Dene pratikele angluluh badan wadag mau, saka wsiyat dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susunan Pakubuwana I, kena kalanteh anglakoni tapa brata kaya ing ngisor iki.
1. Asesuci tegese taberi adus esuk.
2. Angengurangi dahar tegese dahara manawa banget luwe.
3. Angengurangi ngunjuk tegese angunjuka manawa banget kasatan.
4. Angengurangi sare tegese sareya manawa banget karipan.
5. Angarang-arangi pangandika tegese angandika manawa nganggo masa kala.
6. Anguda-uda sahwat tegese asahwata karo garwa manawa banget kangen.
7. Ambirat napsu tegese aja nganti angumbar hawa, angagema budi trima, lila, temen, utama.
Manawa wis bisa kalakon mangkono, angger ora kawistara, sarta dumunung ing asepen iya wallahu alam katarimane.
Dene manawa arep waskita dununging asepen, iku, sakaliring rupa kita kapasrahena marang kang adarbe rupa sakaliring swara kita kaulihena marang kang adarbe swara, paninggal kita, pamiyarsa kita, panganda kita pangrasa kita, pamirasa kita, pada kabalekena marang sangkane dewe-dewe.
Mungguh patrape anyidakake eninging rahsa, angawasake enenging pancadriya, tegese anglerenake saniskaraning ngaurip kabeh, manawa wis bisa mangkono, iya iku bebasan lungguh sarwa lumaku, lumaku karo andeprok, lumayu sarwa alinggih, ambisu karo carita, lunga sarwa aturu, turu karo amelek kaya mangkono ngibarate.
————————————————————————————————-
Alang Alang Kumitir
Kapethik saking buku wirid hidayat jati.

DERAH WAHANANING DZAT

Ing ngisor iki amratelakake urut-urutane Wahananing Dzat kabeh.
derah1
Dzat mutlak kang kadim azali abadi.
1. Chayu, tegese urip, kasebut atma.
2. Nur, tegese cahya, kasebut pranawa.
3. Sir, tegese rahsa, kasebut pramana.
4. Roh, tegese nyawa, kasebut sukma.
5. Napsu, tegese angkara.
6. Akal, tegese budi.
7. Jasad, tegese badan.
Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung dumunung ana rambahi ana sajroning urip kita, ananging akeh kang pada katambuhan, awit dening binasakake ora mawa jaman makam, tegese ora arah ora enggon, akanta tanpa warna tanpa rupa , asifat elok dudu lanang dudu wadon dudu wandu, dipralambangi : ”Kombang angajap ing tawang”, tegese : kombang angleng ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : la takyun, saka durung sanyata ing kahanan.
Dene Cahyu iku minangka tajalining Dzat, awit kasorotan saka purbaning Dzat sejati, dipralambangi : ”Kusuma anjarah ing tawang”, tegese : kembang tuwuh ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : takyun awal, dening wiwit sanyata ing kahanane.
Dene Nur iku minangka tajalining Chayu, iya iku dadi sesandaning urip, awit kasorotan saka wisesaning atma sajati, dipralambangi : ”Tunjung tanpa talaga”, tegese : kembang terate urip ora mawa banyu, mula ing dalem martabat kasebut : takyun sani, dening wis sanyata kahanane.
Dene Sir iku minangka tajalining Nur, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Isining wuluh wungwang”, tegese : ora kawistara isen-isening wuluh wungwang iku,mula ing dalem martabat kasebut : akyan sabitah, dening sanyata tetep ing kahanane.
Dene Roh iku minangka tajalining Sir, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Tapaking Kuntul anglayang”, tegese : ora mawa labet tapaking manuk kuntul anglayang iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan kajariyah, dening sanyata metu ing kahanane.
Dene Napsu iku minangka tajalining Roh, awit kasorotan saka wisesaning sukma sajati, dipralambangi : ”Geni murub ing teleng samudra”, tegese : kaelokan urubing geni ana sajroning banyu iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan mukawiyah, dening sanyata urip ing kahanane.
Dene Budi iku minangka tajalining Napsu, awit kasorotan saka wisesaning angkara sajati, dipralambangi : ”Kuda ngerap ing pandengan”, tegese : jaran anyander isih kinarung ana sajroning jajaran dadi upacara, surasane pada karo pralambang : lumpuh angideri jagad, mula ing dalem martabat kasebut : akyan maknawiyah, dening sanyata kawedar ing kahanane.
Dene Jasad iku minangka tajaline Wahananing sifat, dadi embane para mudah kang wis kasebut ing ngarep mau, awit kalimputan dening pakumpulaning sorot, pada sumarambah amaratani salir anggaotaning badan jasmani kabeh, mula manawa isih jamaning sifat, dipralambangi : ”Kodok kinemulan ing leng”, tegese : kodok iku ngibarating mudah kang ana sajroning jasad, eleng ing ngibarating jasad sajabaning mudah, iya iku kahaning Dzating Gusti isih kalimputan dening sifating kawula, dene manawajamaning Dzat ing delahan, dipralambangi : ”Kodok angemuli ing leng”, tegese : jasad genti dumunung ana ing jero, iya iku kahanane sifating kawula wis kalimputan dening Dzating Gusti, dadi pada tarik-tinarik, tetep-tinetepan, kaya ing ngisor iki dasare.
DERAH KAHANANING DZAT ING DUNYA LAN ING DELAHAN (ACHIRAT)
Kodok kinemulan ing Leng —— Kodok angemuli ing Leng
dwrah1
Kahanane ing Dunya —– Kahanane ing Achirat

DZATING GUSTI KANG NGUWASANI
ING ATASE TURU TANGI LAN PATINING JSAD KITA
Balik mungguh Dzating Gusti iku kaceke karo kawula dening adanbeni pangawasa, wenang ambabar prabawa sarta anarik wedaring gelar kukudan.
Kaya upamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, rerem sajroning Bait al makmur, banjur amuntu ing wiwaraning pramana, anglerep saniskaraning pancadriya, mangka kaprabawa dening pangawasaning suksma anggelar pangrasa, wahanane dadi turu kahananing jasad kita, ing kono saka pangrasa katonton alaming ngimpi, kalaksanan saliring saloh bawa kabeh.
Manawa pangawasaning suksma wis ambabar pancadriya sarta ambabar wiwaraning pramana, banjur angredakake hawaning napsu, anuwuhake pangrasaning budi nganti sumarambah ing jasad kabeh, ing kono wahanane dadi tangi kahananing jasad kita, banjur weruh maneh marang saniskara kang katon ing alam dunya, mula dipralambangi : anenun senteg pisan anigasi tegese : lagi sadela ing paningaling alam ngimpi banjur bisa weruh kang katonton ing alam dunya maneh.
Kaya mangkono uga umpamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning bbudi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, wisesaning suksma kakukud marang pangawasaning rahsa, banjur luluh manjing ing dalem pranawaning cahya, anunggal karo purbaning atma, mulih dadi sajatining Dzat mutlak kang kadin azali abadi, ing kono wahanane diarani matri kahananing jasad kita, ananging satemene ora mati, amung ngalih panggonan bae, malah waluya uripe langgeng ana ing kahanan kang maha mulya, mula dipralambangi : tanggal pisan kapurnaman tegese : durung suwe tumitah ana ing alam dunya, banjur bisa bali maneh dadi manungsa kang sampurna sarta waskita ing saniskara.
————————————————————————————————-
Alang Alang Kumitir
Kapethik saking buku wirid hidayat jati.